Description
Judul Buku: Khutbah Bahasa Jawa
Penulis: Drs. H. Slamet Arifin, M.Ag.
Nama Penerbit: Rumah Baca Masyarakat Perisai Pena
Jumlah Halaman: 248
Ukuran: 14×20,5
ISBN: 978-623-89402-0-2
Sinopsis: Seratan punika kula pikajengajen kangge ngrungkebi kabetahan para Penyuluh Agami Islam saha para Khatib ing ndalem nyiapaken bahan teks khutbah mawi Basa Jawa. Pikajengan kula buku punika saget minangka setunggaling rujukan ing ndalem nindakaken kajibahan, minangka waosan keislaman kangge masyarakat umum. Buku Khutbah punika arahipun adamel gesang ingkang ayem, tentrem, rukun, toleransi, ngormati awit wontenipun benten samukawisipun.
Buku Khutbah punika ugi kangge ngrungkebi tugas pokok Ian fungsi minangka Penyuluh Agama Islam anggenipun ngawontenaken Bimbingan saha Penyuluhan dhateng masyarakat binaanipun.
Tundhanipun, ngidini kula kangge ngaturaken agungeng panuwun dhateng sedaya pihak ingkang mbiyantu dipun terbitaken buku punika, utaminipun dhumateng Bapa Dr. H. Taufiqur Rahman, S.Ag. M.S.I. Minangka Kepala Kantor Kementeriuan Agama Kabupaten Boyolali saha Bapa Drs. H. Jindar Wahyudi, M.Ag. minangka Kepala Seksi Bimbingan Masyarakat Islam Kantor Kementerian Agama Kabupaten Boyolali awit panyengkuyung, bimbingan, sarta arahanipun. Mugiya Allah Subhanahu wata’ala paring piwales dhumateng panjenganipun.
Awit sedaya kekirangan saha kalepatan ing ndalem nyusun buku punika, kula nyuwun mugi dipun mangertosi saha dipun pangapunten. Kritik saha saran ingkang asifat mbangun sanget kula betahaken.






Reviews
There are no reviews yet.